Dzikir


Kang Kipli
WACANAMARZUKI. 
Poro bapak ibu sedoyo ingkang dipun mulyaaken dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala.....
Wonten ing kesempatan niki kulo ajeng mbahas babagan  Dzikir. Eling marang Allah. Sakderenge mbahas dzikir kita kedah mangertosi konstruksi dzikir wonten ing Islam meniko. Dzikir niku urusane ati. Wonten ibadah ingkang arupi dhohir lan batin. Kekalihipun kedah kito lampahi. Ibarate kados hp lan pulsa. Umpami wonten ing sholat gerakan-gerakan meniko urusan jasmani ingkang kito conto saking Nabi Muhammad Saw. Lajeng ati niki wonten ing sakjerone sholat kedah imut marang Allah.
Ingkang taksih ragu nopo wonten perintah dzikir teng Al-Qur’an. Sanget kathah, antawisipun Allah Swt Dawuh;
þÎTrãä.øŒ$$sù öNä.öä.øŒr& (#rãà6ô©$#ur Í< Ÿwur Èbrãàÿõ3s? ÇÊÎËÈ  
Mongko, podo elingo panjenengan sami dumateng Ingsun (Allah) mesthi Ingsun eling marang njenengan sami, lan podo syukuro marang Ingsun (Allah), lan ampun nutupi (nikmat)-Ingsun. (QS. Al-Baqoroh [2]: 152.
Ing ayat lintune Allah ugi perintah sholat kangge dzikir, lihat QS. Toha [20]:14,
ûÓÍ_¯RÎ) $tRr& ª!$# Iw tm»s9Î) HwÎ) O$tRr& ÎTôç6ôã$$sù ÉOÏ%r&ur no4qn=¢Á9$# ü̍ò2Ï%Î! ÇÊÍÈ  
Poro bapak ibu sedoyo, meniko nedahaken bilih Allah sanget ngengken dzikir. Lajeng, nopo untunge dzikir kangge kito sedoyo? Untunge kathah. Bidal saking ayat 152 suroh Al-Baqoroh meniko, lamun kito gelem dzikir, Allah ugi mesthi eleng marang kawulo niku. Lamun Allah mpun eling kalih kawulo mesthi bakal bejo kawulo meniko. Lha wong kito mawon yen dielingi kalian lurah ngoten mawon urusan KTP, kito njih mundak lancar. Sedangkan Allah meniko ingkang ngendaleaken samudayane perkoro. Saklajengipun, kapan mawon Allah Subhanahu Wa Ta’ala ngengken kawulone supado dzikir?
Setiap wektu kito kalian Allah dikenken Dzikir. Trus nopo doso umpami kito supe mboten eling marang Allah. Maksute, apa hukum mengingat Allah? Yen kulo mastani njih sunah. Amargi, nglampahi sholat mboten eling Allah mboten batal solate. Hananging, teng pundi toto kromo kito, yen sholat nanging mboten eling Allah. Sementara Allah tahu apa yang ada di pikiran dan hati kito. Nopo kito mboten isin?
Kito sedoyo meniko gesang wonten ing bumine Allah. Kito meniko beraktifitas wonten ing nduwure lemah-lemahe Allah, teng pundi toto kromo kito kok lali teng Allah. Sementara Allah mboten nate leren ngawasi kito.
Menopo dzikir meniko kedah lungguh silo ngedengkreng nyekeli tasbih?? Allah Dawuh teng Al-Qur’an suroh Ali Imron ayat 191-192;
žcÎ) Îû È,ù=yz ÏNºuq»yJ¡¡9$# ÇÚöF{$#ur É#»n=ÏF÷z$#ur È@øŠ©9$# Í$pk¨]9$#ur ;M»tƒUy Í<'rT[{ É=»t6ø9F{$# ÇÊÒÉÈ   tûïÏ%©!$# tbrãä.õtƒ ©!$# $VJ»uŠÏ% #YŠqãèè%ur 4n?tãur öNÎgÎ/qãZã_ tbr㍤6xÿtGtƒur Îû È,ù=yz ÏNºuq»uK¡¡9$# ÇÚöF{$#ur $uZ­/u $tB |Mø)n=yz #x»yd WxÏÜ»t/ y7oY»ysö6ß $oYÉ)sù z>#xtã Í$¨Z9$# ÇÊÒÊÈ  
Ayat teng inggil meniko nedahaken dzikir meniko saget kanti lungguh, ngadek, lan leyeh-leyeh teng turon, alias kalian nyante-nyante nuli enten lamuk lewat “ngung-ngung” teng kuping, njenengan elingo Allah kalian mikir, bilih Allah ndamel lamuk meniko mboten kok muspro hananging mesthi wonten hikmahe. Dados aktivitas dzikir meniko sama sekali mboten ganggu aktivitas lintune hananging kelawan dzikir kulo lan panjenengan sami saget tenang pikire. Njenengan waos teng QS. Ar-Ro’du [13]:28,
tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä ûÈõuKôÜs?ur Oßgç/qè=è% ̍ø.ÉÎ/ «!$# 3 Ÿwr& ̍ò2ÉÎ/ «!$# ûÈõyJôÜs? Ü>qè=à)ø9$# ÇËÑÈ  

Al-hasil, manfaat dzikir meniko katah sanget, hananging niat kito dzikir meniko kedah kerono Allah Ta’ala. 13:00/20/08/2017.

Tentang penulis :

Marzuki Ibn Tarmudzi, pernah mencicipi sedikit segarnya lautan ilmu di Pondok Pesantren Bahrul ‘Ulum Tambakberas Jombang, Jawa Timur. Hobinya yang suka nyorat-nyoret kertas ini dimulai semenjak nyantri. Kini, hobinya itu dituangkan di berbagai media online, itung-itung sebagai aksi dari ; “بلغوا عني ولو أية “,” sampaikanlah dariku walau hanya satu ayat ”.