Nuladani Ulama’

Wacanamarzuki. Ulama’ meniko ingkang mewarisi poro nabi. “al-‘ulama’ warosatul anbiya”. Lajeng, pripun kito ingkang tiang awam ngaweruhi bilih tiang meniko ulama utawi abal-abal. Pangertosan ulama’, ingkang kulo terami saking Kyai Jamal Tambakberas Jombang, injih meniko tiang ingkang nggadahi ‘ilmu agami jero lan ngamalaken ilmune. Dados saking pangertosan meniko kito saget mangertosi tiang meniko ‘ulama nopo abal-abal.
Menopo to kedah meneladani Ulama’ kok mboten langsung neladani kanjeng Nabi Muhammad Saw? Pitakenan meniko namine profokasi. Amargi judul tulisan niki mboten menafikan Nabi Muhammad minongko uswah hasanah. Dados Ulama’ ugi nuladani Sang Nabi. Utawi pitakenane kulo walik, kok menopo mboten langsung mbikak Al-Qur’an minongko wahyu saking Allah Swt, ingkang nggadahi agami Islam?
Kito meneladani poro ulama amargi ulama’ meniko pewaris poro nabi. Neladani wonten ing aspek nopo mawon? Neladani wonten sedoyo aspek kauripan. Ingkang utami injih meniko niat kito. Kasebat wonten ing kitab arbaiin nawawi, ”Innama al-a’malu bi an-niyati wa innama likullimriin ma nawa”, anging pesthine piro-piro penggawean meniko gumantung kalian niate lan anging pesthine saben-saben perkoro gumantung marang kang den niati.
Dados, kito meneladani tindak lampahe poro ulama meniko amargi poro ulama referensinipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw. Lan Al-Qur’an sampun negesaken bilih Rosul meniko suri tauladan ingkang sae.
Meneladani Ulama meniko mboten mawon niru lahiriahe hananging ugi batiniahe.  Manah kito tetep kedah tansah dzikir marang Allah. Amargi poro ulama’ njih tansah dzikir manahe. Lahir lan batin kito kedah neladani.
Pripun neladani manah meniko? Amargi mboten ketingal miturut indrawi.
Al-Qur’an ingkang dados referensi poro ulama’  maringi pitedah bilih tiang ingkang purun ngresiki ati lan gelem dzikir meniko tiang ingkang bejo.
ôs% yxn=øùr& `tB 4ª1ts? ÇÊÍÈ   tx.sŒur zOó$# ¾ÏmÎn/u 4©?|Ásù ÇÊÎÈ   ö@t/ tbrãÏO÷sè? no4quŠysø9$# $u÷R9$# ÇÊÏÈ   äotÅzFy$#ur ׎öyz #s+ö/r&ur ÇÊÐÈ   ¨bÎ) #x»yd Å"s9 É#ßsÁ9$# 4n<rW{$# ÇÊÑÈ   É#çtྠtLìÏdºtö/Î) 4ÓyqãBur ÇÊÒÈ  
Dados, tiang ingkang purun resik resik atine, lan gelem tansah berdzikir atine nuli sholat, Allah nyebat meniko tiang ingkang temen bejo. Benten kalian tiang kafir ingkang namung mikirno urip teng dunyo mawon. Padahal, urip teng akhirot meniko langkung sae lang langkung kekal.
Poro Bapak soho Ibu ingkang tuhu kinormatan.
šÆÏBur Ĩ$¨Z9$# Å_U!#ur¤$!$#ur ÉO»yè÷RF{$#ur ì#Î=tFøƒèC ¼çmçRºuqø9r& šÏ9ºxx. 3 $yJ¯RÎ) Óy´øƒs ©!$# ô`ÏB ÍnÏŠ$t6Ïã (#às¯»yJn=ãèø9$# 3 žcÎ) ©!$# îƒÍtã îqàÿxî  

Inna ma yakhsya llaha min ‘ibadihil ‘ulama’
Diantara kawulo-kawulone Allah ingkang ajrih dumateng Allah injih meniko ulama’ . (QS. Fathir [35]:28.
Sakderenge kulo tutup ing tema niki, sepindah malih monggo kito pados guru Ulama’, supados kito saget niru tindak lampahe. (22:10/18/08/2017)


Tentang penulis :

Marzuki Ibn Tarmudzi, pernah mencicipi sedikit segarnya lautan ilmu di Pondok Pesantren Bahrul ‘Ulum Tambakberas Jombang, Jawa Timur. Hobinya yang suka nyorat-nyoret kertas ini dimulai semenjak nyantri. Kini, hobinya itu dituangkan di berbagai media online, itung-itung sebagai aksi dari ; “بلغوا عني ولو أية “,” sampaikanlah dariku walau hanya satu ayat ”.